Mongso udan koyo saiki iki nggeerr wis wayah sore kae wis mulai rame suwarane kodok podo muni, kodok muni kuwi diarani kodok ngorek, ngoreke saben-saben kodok kuwi ora mesti podo, iku tergantung seko jenise lan gede cilike kodok, nek wong sing asale seko ndeso yo mesti akeh weruhe bedane ngoreke kodok mau, ngger mongso udan koyo ngene iki, nek wis wayah sore, opo maneh nek dibarengi karo suwasono langite katon wis peteng utowo mendhung, iku wis biso dipasteake kodok-kodok bakal podo ngorek, memang nek wis mongso udan mongsone kodok ngorek .
Kodok ngorek kuwi ora ngger ngorek ning mongso udan lan wayah sore wae, kadang ugo wayah esuk lan awan yo sok muni utowo podo ngorek, terutama sing ono ning sawah opo pinggir kalenan, nek wis kadung podo muni utowo podo ngorek suwarane rame banget, koyo musik tetabuhan kae lan suwarane podo saut-sautan, mulane sing muni iku mung siji terus disaut karo koncone ning sebelahe disaut maneh karo sebelahe, soyo suwe soyo merembet nganti sak oro-oro sawah sak mono ambane, dadine suwarane rame banget koyo wong nanggap musik tetabuhan ning oro-oro .
Suwarane kodok ngorek ning oro-oro sok diarani musike alam, nek dirungoke ning kuping utowo direnungake ono ning pikir opo atine kadang biso nggawe tentreme ati utowo pikire, akeh wong sing podo nengeri yen ono kodok ngorek rame banget iku tandane arep ono udan, nek iki kanggoku yo ora iso tak jawab bener yo ora iso tak jawab salah, masalahe nek wis mlebu mongso rendheng utowo mongso udan yo jawabe iso bener, nanging nek ono ning mongso ketigo utowo mongso panas utowo garing yo jawabe akeh salahe, lho kenopo kok iso salah...?, soale ben no kuwi mongso ketigo ora ono udan kodok-kodok sing ono ning sawah lan ning kalen kae yo tetep podo muni utowo podo ngorek .
Kodok ngorek kuwi ora kenal enggon, kadang podo ngorek ning sawah, kadang podo ngorek ning pinggir kali, kadang podo ngorek ning pinggir omah, lan ora kenal wayah esuk, awan, sore utowo bengi .
Kodok ngorek kuwi ora kenal enggon, kadang podo ngorek ning sawah, kadang podo ngorek ning pinggir kali, kadang podo ngorek ning pinggir omah, lan ora kenal wayah esuk, awan, sore utowo bengi .
Sing tak ngerteni marang aku kuwi jenise kodok yo ono patang warno :
1 . Kodok Ijo kuwi kodok sing paling enak dewe tumrape wong sing doyan daging kodok, nek kanggone wong sing ngagemi agomo islam kuwi yo haram ora diprayoga ake mangan daging kodok, nanging nek sing agomo liyane yo aku ora ngeti, ciri-cirine kodok ijo kuwi awake klimis warnane ono sing rodo coklat lemah tur ono lorek-loreke lan sing sijine warnane ijo godhong yo ono lorek-loreke .
Nek muni utowo nek lagi ngorek suwarane hheerrreeekkk...eeerrreeekkk...eeerrreeekkk yo kanggoku sing tak rungoke kiro-kiro suwarane koyo ngono kuwi, iku ugo tergantung karo gede cilike kodok, nek kodoke soyo gede suwarane soyo sember .
Uripe utowo habitate kodok ijo mau ora bedo karo kodok liyane yoiku ono ning sawah-sawah, ning kalen utowo ning pinggir kali gede, ning rowo-rowo, ning danau utowo ning waduk, gedene kodok ijo sing wis tau tak weruhi kuwi mung sak kepele wong lanang sing dewoso, jarang ditemokake sing gede banget, nanging tak kiro yo ono wae sing gede banget .
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
ayo nek arep dho ngrasani opo nggosip ning kene