Rabu, 18 Januari 2012

MBENGI - MBENGI NGOBOR WELUT NING SAWAH


Mbengi-mbengi ngobor welut ning sawah utowo mbengi-mbengi ngobor iwak ning kali, iku biasane nek wis wayahe tanggal tuwo utowo mbulane ora njedul wayah sore, umpamane koyo mengkene iki, nek tanggalan jowo iku wis tibo tanggal 21 tekan tanggal 10 wulan ngarepe, iku prasasat wektu kuwi lagi ora ono mbulan utowo gelap bulan, nek sampeyan kabeh pengen hasil olehe ngobor welut utowo ngobor iwak yo kudu golek wektu sing pas, yoiku wayahe mbengi peteng ndhedhet ora ono mbulan, onone mung lintang thok .

Mangkat to bakdo sholat isya', kiro-kiro jam wolu mbengi, nggowo lampu patromax opo obor pring(obor bambu), rumangsaku wong ngobor welut nganggo obor pring kuwi kok yo durung tau menangi, sing sering tak weruhi yo akeh-akehe nganggo lampu patromax, soale lampu patromax kuwi luwih padhang tinimbang obor pring, kanggone iso suwe, lengo tanah(minyak tanah) seliter iso kanggo sewengi murup terus, tur gampang le ngguna ake lan gampang nggoleke, biasane sing akeh adol yo toko bahan bangunan karo toko listrik .

Uwong-uwong mbengi-mbengi podo ngobor iku udu mung wong sing ngobor welut wae, tapi yo akeh wong sing podo ngobor liyane, koyoto ngobor kodok, ngobor iwak, ngobor jangkrik lan ngobor manuk, tapine wong ngobor welut kuwi sing sering ketemu utowo sering pethuk yo karo wong sing podo ngobor kodok lan wong sing ngobor iwak, nek wong sing ngobor welut karo wong sing ngobor iwak iku biasane lampune podo yo nganggo lampu patromax, yen wong sing ngobor kodok lampune seje dewe, nek aku le ngarani yo mung lampu karbit wae, mungkin ono jenenge dewe, tapi kulo nyuwun sewu sampe sak niki kulo nggih dereng mangertos aranipun lampu sing di anggo ngobor kodok .

Nek pancen ning daerah pesawahan sing arep diobori iku memang akeh welute, wis mesti bakal arep oleh akeh hasile, carane nggolek panggonan sawah sing akeh welute, iso dititeni ndheleng ning galengane sawah mau, pas ning pinggir galengan biasane akeh unthuke cacing sawah, tur nek iso nggolek oo sawah sing bar digaru, sing wis dadi ler-leran tur ono banyune setithik, nek kepekso ora nemu lokasi sing koyo ngono kuwi, isih iso nngolek oo sawah sing bar ditanduri utowo parine wis umur rong minggu, nemu lokasi sing koyo iki luwih apik banget, biasane sok akeh welute sing podo nongol utowo podo metu seko ngeleng .

Garek sampeyan kabeh podo nyiapake parang sing rodo dowo tur rodo kethul, ojo landhep-landhep, mengko ndak welute podo tugel kabeh, le bacoki welute ojo podo kenceng-kenceng, cukup biasa wae ben welute wutuh ora tugel-tugel .


Penulis  :  den Bagus Garenxphunx  seko ndeso kluthuk

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

ayo nek arep dho ngrasani opo nggosip ning kene