Rabu, 18 Januari 2012

MBENGI - MBENGI NGOBOR WELUT NING SAWAH


Mbengi-mbengi ngobor welut ning sawah utowo mbengi-mbengi ngobor iwak ning kali, iku biasane nek wis wayahe tanggal tuwo utowo mbulane ora njedul wayah sore, umpamane koyo mengkene iki, nek tanggalan jowo iku wis tibo tanggal 21 tekan tanggal 10 wulan ngarepe, iku prasasat wektu kuwi lagi ora ono mbulan utowo gelap bulan, nek sampeyan kabeh pengen hasil olehe ngobor welut utowo ngobor iwak yo kudu golek wektu sing pas, yoiku wayahe mbengi peteng ndhedhet ora ono mbulan, onone mung lintang thok .

Mangkat to bakdo sholat isya', kiro-kiro jam wolu mbengi, nggowo lampu patromax opo obor pring(obor bambu), rumangsaku wong ngobor welut nganggo obor pring kuwi kok yo durung tau menangi, sing sering tak weruhi yo akeh-akehe nganggo lampu patromax, soale lampu patromax kuwi luwih padhang tinimbang obor pring, kanggone iso suwe, lengo tanah(minyak tanah) seliter iso kanggo sewengi murup terus, tur gampang le ngguna ake lan gampang nggoleke, biasane sing akeh adol yo toko bahan bangunan karo toko listrik .

Uwong-uwong mbengi-mbengi podo ngobor iku udu mung wong sing ngobor welut wae, tapi yo akeh wong sing podo ngobor liyane, koyoto ngobor kodok, ngobor iwak, ngobor jangkrik lan ngobor manuk, tapine wong ngobor welut kuwi sing sering ketemu utowo sering pethuk yo karo wong sing podo ngobor kodok lan wong sing ngobor iwak, nek wong sing ngobor welut karo wong sing ngobor iwak iku biasane lampune podo yo nganggo lampu patromax, yen wong sing ngobor kodok lampune seje dewe, nek aku le ngarani yo mung lampu karbit wae, mungkin ono jenenge dewe, tapi kulo nyuwun sewu sampe sak niki kulo nggih dereng mangertos aranipun lampu sing di anggo ngobor kodok .

Nek pancen ning daerah pesawahan sing arep diobori iku memang akeh welute, wis mesti bakal arep oleh akeh hasile, carane nggolek panggonan sawah sing akeh welute, iso dititeni ndheleng ning galengane sawah mau, pas ning pinggir galengan biasane akeh unthuke cacing sawah, tur nek iso nggolek oo sawah sing bar digaru, sing wis dadi ler-leran tur ono banyune setithik, nek kepekso ora nemu lokasi sing koyo ngono kuwi, isih iso nngolek oo sawah sing bar ditanduri utowo parine wis umur rong minggu, nemu lokasi sing koyo iki luwih apik banget, biasane sok akeh welute sing podo nongol utowo podo metu seko ngeleng .

Garek sampeyan kabeh podo nyiapake parang sing rodo dowo tur rodo kethul, ojo landhep-landhep, mengko ndak welute podo tugel kabeh, le bacoki welute ojo podo kenceng-kenceng, cukup biasa wae ben welute wutuh ora tugel-tugel .


Penulis  :  den Bagus Garenxphunx  seko ndeso kluthuk

Senin, 16 Januari 2012

MONGSO UDAN MONGSONE KODOK NGOREK


Mongso udan koyo saiki iki nggeerr wis wayah sore kae wis mulai rame suwarane kodok podo muni, kodok muni kuwi diarani kodok ngorek, ngoreke saben-saben kodok kuwi ora mesti podo, iku tergantung seko jenise lan gede cilike kodok, nek wong sing asale seko ndeso yo mesti akeh weruhe bedane ngoreke kodok mau, ngger mongso udan koyo ngene iki, nek wis wayah sore, opo maneh nek dibarengi karo suwasono langite katon wis peteng utowo mendhung, iku wis biso dipasteake kodok-kodok bakal podo ngorek, memang nek wis mongso udan mongsone kodok ngorek .

Kodok ngorek kuwi ora ngger ngorek ning mongso udan lan wayah sore wae, kadang ugo wayah esuk lan awan yo sok muni utowo podo ngorek, terutama sing ono ning sawah opo pinggir kalenan, nek wis kadung podo muni utowo podo ngorek suwarane rame banget, koyo musik tetabuhan kae lan suwarane podo saut-sautan, mulane sing muni iku mung siji terus disaut karo koncone ning sebelahe disaut maneh karo sebelahe, soyo suwe soyo merembet nganti sak oro-oro sawah sak mono ambane, dadine suwarane rame banget koyo wong nanggap musik tetabuhan ning oro-oro .

Suwarane kodok ngorek ning oro-oro sok diarani musike alam, nek dirungoke ning kuping utowo direnungake ono ning pikir opo atine kadang biso nggawe tentreme ati utowo pikire, akeh wong sing podo nengeri yen ono kodok ngorek rame banget iku tandane arep ono udan, nek iki kanggoku yo ora iso tak jawab bener yo ora iso tak jawab salah, masalahe nek wis mlebu mongso rendheng utowo mongso udan yo jawabe iso bener, nanging nek ono ning mongso ketigo utowo mongso panas utowo garing yo jawabe akeh salahe, lho kenopo kok iso salah...?, soale ben no kuwi mongso ketigo ora ono udan kodok-kodok sing ono ning sawah lan ning kalen kae yo tetep podo muni utowo podo ngorek .


Kodok ngorek kuwi ora kenal enggon, kadang podo ngorek ning sawah, kadang podo ngorek ning pinggir kali, kadang podo ngorek ning pinggir omah, lan ora kenal wayah esuk, awan, sore utowo bengi .

Sing tak ngerteni marang aku kuwi jenise kodok yo ono patang warno  :

  1. Kodok Ijo
  2. Kodok Bangkong
  3. Kodok Bancet
  4. Kodok Peprek .
1  .  Kodok Ijo kuwi kodok sing paling enak dewe tumrape wong sing doyan daging kodok, nek kanggone wong sing ngagemi agomo islam kuwi yo haram ora diprayoga ake mangan daging kodok, nanging nek sing agomo liyane yo aku ora ngeti, ciri-cirine kodok ijo kuwi awake klimis warnane ono sing rodo coklat lemah tur ono lorek-loreke lan sing sijine warnane ijo godhong yo ono lorek-loreke .


Nek muni utowo nek lagi ngorek suwarane hheerrreeekkk...eeerrreeekkk...eeerrreeekkk yo kanggoku sing tak rungoke kiro-kiro suwarane koyo ngono kuwi, iku ugo tergantung karo gede cilike kodok, nek kodoke soyo gede suwarane soyo sember .

Uripe utowo habitate kodok ijo mau ora bedo karo kodok liyane yoiku ono ning sawah-sawah, ning kalen utowo ning pinggir kali gede, ning rowo-rowo, ning danau utowo ning waduk, gedene kodok ijo sing wis tau tak weruhi kuwi mung sak kepele wong lanang sing dewoso, jarang ditemokake sing gede banget, nanging tak kiro yo ono wae sing gede banget .




Minggu, 15 Januari 2012

KODOK NGOREK NING PINGGIR KALI


Nyanyi Kodok ngorek  :  KODOK NGOREK NING PINGGIR KALI .

Theyyot thepblung  theyyot thepblung .
Theeyyoott-theeyyoott theepbluung .


Kodok ngorek  kodok ngorek  ngorek ning pinggir kali .
Ati-ati  ati-ati ojo podo tukaran, metu pinggir  metu pinggir .
Metu sisih pinggir, ati-ati ati-ati ojo podo tukaran .


Ayo konco  ayo konco  podo mlaku mangkat sekolah .
Ati-ati  ati-ati  metu sisih pinggir  ojo lali  ojo lali karo sing siji .


Lah....!!!, nyanyi opo to kuwi mas....?, iki nanyi kodok ngorek ning pinggir kali, gek mbiyen, gek aku isih cilik, gek isih sekolah TK utowo taman kanak-kanak kutilang III, sing panggonane pertama utowo sing ndisik dewe, ono ning perumahan tentara sing jenenge Mess mBagongan - Mujen - Panca arga - Mertoyudan - Magelang .

Kuwi mbiyen aku nek arep mangkat sekolah bareng karo konco-koncoku, nek wis tekan tengah ndalan kabeh podo bareng nyanyi kodok ngorek, nyanyine yo koyo sing tak tulis ning nduwur kuwi, jenenge wae bocah cilik, nek nyanyi yo sak kecandhake wae utowo sak elinge wae, opo maneh kok arep nyanyi lagune kusplus utowo ndangdutane oma irama wis mesti tambah ora mudheng pisan .

Mbiyen kuwi gek aku isih cilik , rumangsaku lagu sing paling terkenal yo mung lagu kodok ngorek, nggeerrr kon nyanyi maju ning ngarep kelas kae, sing tak nyanyiake yo lagune kodok ngorek ning pinggir kali wae, soale aku sing apal mung lagu kuwi thok, liyane ora iso lan ora mudheng pisan .

Padahal nek kodok ngorek kae munine kan ora koyo ngono tho...?, kenopo kok iso dikarang lagune koyo ngono suwarane iku kan aneh banget tho...?, mboohhh gek mbiyen, gek jamane wong-wong tuwaku mbiyen, mungkin menurute wong tuwa mbiyen kupinge le ngrungoke rumangsane koyo ngono kuwi bek ne..!!!, iyo ora, lha nek menurute sampeyan tumrape poro den bagus lan den ayu sedoyo ugo poro pamiarso sedoyo kepripun.....?, opo yo bener....!, suwarane kodok ngorek koyo lagu sing tak tulis ning nduwur kuwi........tak kiro yo mesti podo mbantah kabeh...lha suwarane kodok ngorek kae koyo ngono kae yo seje banget, ora podo pisan .

Penulis  : den Bagus Garenxphunx,  seko ndeso  kluthuk